Lirik Lagu Gafarock - Jaman Isih Cilik

Judul lagu : Jaman isih Cilik
Penyanyi : Gafarock




Lirik Lagu Jaman Isih Cilik


jaman aku isih cilik
aku isih sregep budhal ngaji
saben ono adzan
tinggalno dolanan
langsung prit budhal sembahyang..

saiki aku wes gedhe
rasane malah ilang dalane
ono adzan headsetan
masjid namung lewatan
banyu wudhu wes ra tau kecipratan..

sebenere aku isin
yen nyawang wong podo sholat
batin karep rogo ra kuat
awak koyo dibreki jagad..

Reff :
duh Gusti.. kulo nyuwun pangapuro
dereng saged madep lan ngaulo..
saestu awak iki olo
mbalelo marang ingkang Kuoso..

duh Gusti.. nyuwun tulungi kulo
resikaken iman kang kependem
kathahe duso..
najan abot tapi pingin tobat
jare wedi neroko tapi ra gelem sholat..

lagi ngumpul konco konco
wayah sholat podo ra rumongso
sebenere ngerti
wajib sholat ra lali
nanging wedi diomong sok suci..

kadang ono konco nggenah
ngelengno wayahe neng mushola
epok-epok ra krungu
malah macak turu
tenanan ati iki uwis koyo watu..

sebenere aku ngerti
sikso neroko bakal dadi
nanging kenopo atiku buto
teyengen ireng kakehen duso..

Reff :
duh Gusti.. kulo nyuwun pangapuro
dereng saged madep lan ngaulo..
saestu awak iki olo
mbalelo marang ingkang Kuoso..

duh Gusti.. nyuwun tulungi kulo
resikaken iman kang kependem
kathahe duso..
najan abot tapi pingin tobat
jare wedi neroko tapi ra gelem sholat..

ra gelem tobat
ra wedi akhirat

Reff :
duh Gusti.. kulo nyuwun pangapuro
dereng saged madep lan ngaulo..
saestu awak iki olo
mbalelo marang ingkang Kuoso..

duh Gusti.. nyuwun tulungi kulo
resikaken iman kang kependem
kathahe duso..
najan abot tapi pingin tobat
jare wedi neroko tapi ra gelem sholat..

pancen maksiat
ra gelem tobat


Belum ada Komentar untuk "Lirik Lagu Gafarock - Jaman Isih Cilik"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel